JARENE

Daftar (draft) tulisan:

SANIKEM

Sanikem, kaucap mingkem
Mingkem, menenge cangkem
Meneng, rasane jinem
Jinem, ayem tentrem

Ujare para kuna
Asma kinarya japa
Pu jopa japu, dadi mantra
Asma, yekti minangka japa-mantra

Sanikem
Cangkem
Mingkem
Jinem
Ayem tentrem

Wong wadhon Jawa
Jaman kuna
Babar pisan ora nduwe daya
Dayane mung pasrah marang sing Kuwasa

Sanikem, kaucap mingkem
Menenge cangkem
Rasane jinem
Ayem tentrem

Katindhes dening wong tuwa, mingkem
Kapidhak dening panguwasa, mingkem
Katerak lelakon urip ala, mingkem
Kaaniaya, kaperwasa nglakoni lelakon sing ora lila, mingkem

Mingkem, mingkem
Sanikem, mingkem
Mingkem, Sanikem
Mingkem, mingkem

Sanikem mingkem, kuwi nyata
Mingkem awoh jinem, ora nyata
Mingkem cangkeme Sanikem, nyata ana
Mingkem awoh ayem tentrem, durung mesti ana

Sanikem, Sarikem, Sariyem, Sarmiyem
Mingkem, mingkem, mingkem
Pariyem, Paijem, Paniyem, Partiyem
Mingkem, mingkem, mingkem, mingkem

Yen mung mingkam-mingkem
Kepiye nasibe Sanikem, Sarikem, Sariyem, Sarmiyem?
Yen kabeh blangkemen mingkem
Kepiye rasane Pariyem, Paijem, Paniyem, Partiyem?

Asma kinarya japa-mantra, jebul nyata
Sanikem lan liya-liya
Saklawase ora dadi manungsa
Sanyata