Aku iki wong wadon
Ana sing nyebut aku iki wanita
Uga ana sing nyebut aku iki putri, wong putri
Jarene
Wong wadon kudu pinter nutupi wadi, aib
Wong wadon kudu pinter nutupi samubarang sing rahasia
Samubarang wadi, aib lan rahasia kudu pinter nutupi
Nutup, ditutup
Pet, rapet
Jarene
Dadi wong wadon kok ora primpen nyimpen wadi
Dadi ngisin-ngisini
Aku bakal dadi wong wadon sing kurang aji
Jarene
Aku iki wanita
Ana sing nyebut wani ditata
Sing ndadekake wanita dadi abdine wong priya
Wanita, manuta
Swarga nunut, neraka katut
Wanita, manuta
Macak, manak, masak
Kasur, dapur, sumur
Wanita
Jarene
Wani ditata (?)
Apa wani ing tata (?)
Apa wani tapa (?)
Malah jarene
Wanita kuwi wanitombok
Wani tombok anak bojo
Wani tombok utange bojo
Wani (?) ta (?) mbok (?)
Jarene
Aku iki putri, mruput katri
Ndisikke lan ngutamakke telung perkara
Aku kudu gemi
Kudu nastiti
Lan kudu ngati-ati
Hah
Kesel aku manut jarene
Jarene
Wong wadon
Dadi wanita
Dadi putri
Kudu ayu
"tak lela, lela, lela ledhung. cup meneng anakku cah ayu"
Ayu (?)
Sing ndi (?)
Sing kepiye (?)
Ayu rupa (?)
Ayu bandha (?)
Peh, cilaka mencit aku dadi wong wadon sing ora ayu rupa ora ayu bandha
Aku kudu siap ora payu merga ora ayu
Eh, jarene
Ayu kuwi dudu ayu rupa, dudu ayu bandha
Nanging ayuning ati, manah lan rasa
Ayu
Hayu
Rahayu
Jarene